Lirik syiiran habib syeh sholli wasallimda

Sholli wasallimdaiman alahmada
wal ali wal ashabi man qad wahhada

Eman wong islam ninggal sholat wengi
saben dalu turu ora gelem tangi
sholat wengi ngono disenengi Gusti
sopo gelem nyuwun pasti diparingi

yen pengen nyenengne atine kanjeng
Nabi
ayo baren-bareng sregep melu ngaji
yen atine karep mesti ora nglali
saben waktu ngaji ora gawe keri

ojo seneng guyon yen waktu ngaji
opo maneh sms mlaku riwa riwi
lungguhe sing anteng rungokno sing titis
ilmu yen manfaat kanggo sangu mati

klambine you can see utawa press body
buka aurote ora duwe wedi
ngunu kuwi podho karo buka wadi
bakal nrima sikso suk yen wes koe mati

lanang karo wadon podo kluyuran
pamit nang wong tuwo jare pengajian
eh nyatane malah do pacar2an
budhal saka ngaji do bonceng boncengan

lanang karo wadon manggon sepi sepi
nganti senggal senggol koyo kebo sapi
ngono kuwi duso nurut cara nabi
ojo diterusno yen durung di rabi

Comments

Popular posts from this blog

Teks Lirik Suluk Mitslal Ghomamah dan Artinya

Lirik Qod Bada Ilaiya Az Zahir

Teks suluk ALHAMDULILLAHILLADZI ANAROL WUJUD